Jangan Gori

Cyber Klaten | Guyonan Jowo

Sasi November iki Sardot di tugasno boss perusahaane kerjo ning cabang Hongkong

Telung sasi urip ning Hongkong,Sardot kangen masakan Indonesia

Kanggo ngilangno roso kangene,Sardot mlaku mlaku golek restoran Indonesia

30 menit suwine muter muter,akhire Sardot nemu restoran sing di karepake



Tanpo akeh omong,Sardot langsung mlebu restoran

Wond adol: Morning sir...what you'r come from...?

Sardot: morning to...I'm from Indonesia...

Wong adol: ealaah...pean ugo asli Indonesia ta mas...Sodron jeneng ku mas...

Sardot: jebul isih podho podho jawane...aku Sardot...wis mas,aku pesen masakan Indonesia sing spesial ning restoran iki...

Sodron: siap kisanak...enteni dhilit yo mas...

Banjur kuwi Sodron mlebu dapur lan gawekno Sardot pesenane

Mung nunggu 10menit akhire pesenane Sardot dadi

Sardot sing wis luwe lan kangen masakan Indonesia langsung mangan

Sardot: mas...mas...enak tenan masakan iki...ngomong ngomong jenenge opo mas...?

Sodron: iki jangan gudheg mas...

Sardot: pantesan...enak koyok pas nalika aku urip ning Jogja

Sodron: bedho mas...yen ning Jogja kuwi sing di enggo bahan masakan gori lokal...yen iki gori IMPOR...dadi rasane luwih enak sithik

Sardot: yen oleh ngerti,memange gori sing kanggo masakan restoran kene IMPOR seko ngendi mas...?

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Sodron: IMPOR seko Jogja mas...

.

.

.

Sardot: your eyes mas...lak yo kuwi podho wae alias sami mawon dab!!!


EmoticonEmoticon